Capek Pinjol Mencekik? Fintech Syariah Solusine

Capek Pinjol Mencekik? Fintech Syariah Solusine

Capek Pinjol Mencekik? Fintech Syariah Solusine

Oleh Yusuf Mahardhika

Kowe tau ora ngrasakne pinjol sing nggegirisi? Kadhang urip saiki kok rasane mung nguber utang sing ora entek-entek. Urip iku mesthine bisa luwih tenang kaya paribasan Jawa 'alon-alon asal kelakon'. Nanging, kepiye carane yen pinjol malah gawe cepet-cepet, lan malah nyisakke rasa was-was?

Sawetara anak muda saiki, pinjaman online (pinjol) dadi pilihan cepet kasilke duit nalika butuh mendadak. Nanging, dheweke sering ora nggatekke bunga sing mencekik lan risiko utang sing nglimputi. Fenomena iki wis dadi tanggungan sosial, kang nyebabake tekanan psikologis lan finansial sing ora sethithik.

Fintech syariah banjur muncul dadi solusi alternatif. Sistem iki ngenalake konsep risk-sharing, sing ngurangi beban individu lan ndadekake risiko ditanggung bareng. Sistem iki bisa dadi pilihan sing luwih bijaksana kanggo anak muda sing pengin tetep nurut aturan agama lan ora kepengin kecemplung ing utang sing ora tanggung-tanggung.

Konsep syariah iki dudu mung soal agama. Iki soal etika lan tanggung jawab sosial. Pada dasare, iki luwih manusiawi. Yen pinjol konvensional kerjane mung golek keuntungan, fintech syariah nyedhiyakke solusi sing adil lan saling mbantu. Bayangke yen kabeh pihak bisa saling percaya lan kerja bareng, mesthine bakal ana rasa tenang lan aman ing ati.

Apa awake dhewe berani uji angkane? Yen kowe ngrasakne pinjol konvensional wis ora mantep maneh, mungkin saiki wayahe nyoba sistem syariah. Dheweke ora mung mamerke angka-angka, nanging uga kekancan lan gotong-royong ing implementasine.

Lan mbok menawa, ing tengah kabeh iki, awake dhewe mung lagi sinau dadi luwih ngerti urip.